Assalamu'alaikum wr. wb
Budhaya Tatakrama Tanah Jawi
Budhaya Tatakrama Tanah Jawi
Durung suwe iki wis dumadi owah gingsire pakarti lan tatakrama sing ketok banget sajrone urip bebrayan, sing ditindhaake dening pribadhi, apadene bebrayan agung minangka bangsa Indonesia. Babagan kasebut dumadi jalaran anane maneka warna sabab, ing antarane :- Ajining budhoyo sing wis wiwit luntur.
- Ajining wewarah urip sing wis owah seko tatanan.
- Pakulinan ewuh pakewuh lan isin wes meh entek ana ing tatarane bebrayan.
- Soyo kendhone pakerti mandhireng bangsa.
- Sarto ilange pambudhidoyo nguri-uri tatakrama sajrone kasunyatan urip.
Sajrone ngadhepi prakara kang rumit lan ruwet mau dibutuhake pendhidhikan karakter bangsa kang dibangun lumantar pendhidhikan sing kudu nyangkut perangan bangsa luwih-luwih kang kawogan utawa kang nduweni kepentingan. Salah sijine sumber karakter bangsa iku asalae seko tatakrama Jawa. Kanthi ndhudhah , ndhudhuk tatakrama Jawa kaajab bisa ngurangi lan nyegah lunturing ajining bangsa.
Tatakrama Jawa nduweni pangaribawa sajroning mbangun karakter bangsa sing ndaphuk sumber daya manungsa kanthi cacah lan muthu ingkang nyukupi kanggo nyengkuyung pembangungan. Kanthi mengkono kanggo ngganepi sumber daya kasebut, pendidikan karakter bangsa nduweni pangaribawa sing wigati.
Anchas pendidikan nasional iku kanggo ngrem bakakake kewasisan para siswa amring dadi manungso sing nduweni iman lan takwa marang Tuhan ingkang Esa lan ingkang Maha Kuasa. Duweni pakarti luhur, bagas waras, duweni kawruh ilmu, trampil, kreatif, mandhiri lan dadi warga negara sing dhemokratis lan tanggung jawab.
Tatakrama Jawa sajroning pendhidhikan budi pakarti dudu barang kang anyar maneh ana ing pendhidhikah nasional Indonesia. Cak-cakane KTSP tatakrama Jawa dicacake sajrone piwulangan basa Jawa. Ewa semono tatakrama Jawa kanggo nuwuhaken budhi pakarti mau durung katon hasile. Jalaran kurange wektu kanggo nggulowenthah siswa lan akehe materi piwulangan sing kudu diwenehke marang siswa.Yen gelem njingglengi kanthi premati satemene njagakake pandhapuking budi pakerti para siswa lumantar basa Jawa wae ora cukup, nanging dibutuhaken panyengkuyunge mata pelajaran liyane. Mula bisa diarani nunggal ajur ajer budi pakerti karo sakabehing mata pelajaran.
Tatakrama Jawa dewe iku yaiku wewarah urip sing lumrah digunaaken lan lumaku tumrap bebrayan Jawa. Tatakrama Jawa minangka kawruh kang ngudi babagan adat tatacara, tumindak, paugeraning urip, ajining panguripan, filsafat sing lumaku ing bebrayan jawa.
#1) Adat Tata Cara Jawa
Wiwit jabang bayi isih ana ing kandhutan wis ana adat tata cara mapati yaitu slametan marang jabang bayi ana ing kandhutan nalika umur patang wulan, mitoni yoiku slametan jabang bayi nalika ana ing kandhutan pitung wulan, kekarone nduweni ajining tatakrama ngunjukake puji syukur, atur panuwun rahmad marang Gusti ingkang Moho Kuoso, sing diwujudake lumantar sedhekahan lan pengati ati ngopeni lan njaga jabang bayi sing ana ing kandhutan. Kalebu nyirik nyegah ora mateni sato kewan apa wae kanggone calon bapak sing garwane lagi ngandhut jabang bayi iku kalebu tatakrama Jawa tresna marang sagung dumadi ing alam iki.Sakwise jabang bayi lair ing alam donya ana adat tatakrama brokohan yaoiku slametan syukuran laire jabang bayi kanthi slamet, banjur sepasaran yaiku slametan tumrap jabang bayi sing wiwit umur limang dina. Nalika jabang bayi ngancik umur telung puluh lima dina dianaake syukuran marang gusti yaiku jenenge selapanan. Dene sawise bayi iku wes umur pitung sasi lan wiwit ngambah lemah dianaake syukuran marang gusti maneng sik jenenge tedhak siti. Saiki bocah tambah gedhe wis ngumur 8 taun ana adat tata carane kanthi sewindonan. Tumrap bebrayan Jawa ana adat tata cara mbuang sesuker yen bocah lanang diarani tetakan dene yen bocah wadon diarani tetesan. Nalika ngancik dewasa arep mangun urip omah-omah kanthi adat tata cara lamaran nganti panggih temanten.
Adat tata cara nalakake puji syukur marang gusti ora amung kanggo manungsa isih urip, nanging nalika manungsa Jawa timbalan kalian gusti ugo ono adate sing dilakoni, koyo dene telung dino, pitung dino, patang puluh lan liyane. Kabeh iku mengku wewarah luhur ngemu tatakrama ngandharake puji syukur lan tansah nyedhakake dhiri marang gusti ugo perduli marang wong liya kanthi urip rukun lan seneng telulung marang wong liya.
#2) Budhaya Jawa
Maneka warna tata krama Jawa ana ing budaya Jawa anatarane arupa basa Jawa, cak-cakane basa Jawa ngemu unggah-ungguh tataran basa sing ngemu tata krama. Anane unggah-ungguh basa ngoko, ngoko alus lan krama wis nggambarake pakumatan marang sepadha-padha. Basa krama digunake dening wong sing enom marang wong sik luweh tuwa. Basa ngoko alus digunake kanggo sephadha, dene ngoko digunaake digunaake maring wong tuwa kanggo guneman kaliyan wong kang isih nom.
Ana ing tata tulis nulis aksara Jawa nggandhul garis mengku wewarah urip menowo bebrayan Jawa manut paugeraning adat, agama, lan ukum sing wis digarisake. Uripe gumantung marang pranatan sing wis ginaris.
Tatakrama Jawa ana uga sing arupa wewarah kang arupa kekidungan tembang Jawa kuno sing ngemu wewarah lan tuntunan urip. Tembang gedhe, tembang tengahan minangka tembang Jawa kang lumrahing kanggo bawa sajroning gendhing mengku wewarah lan pasemoning urip. Dene tembang macapat minangka tembang kang mengku paugeran guru gatra, guru lagu lan wilangan iku sarana pring wewarah para pujangga babagan tatakrama Jawa. Tembang Jawa sing isi warah kanggo ngemu surasa panglipur utawa nyenengake ati iku tembang dolanan. Wewarah liyane sing tinemu ing budhaya Jawa ana ing tembang campursari, geguritan, parikan lan sandiasma. Budaya Jawa sing arupa karya sastra mau menehi wewarah tatakrama Jawa ora langsung utawa sinamun ing pralambang papindhan sanepan sing mbutuhake enenge mikir dadi ora asipat meksa ndhikte utawa mrentah. Nanging kebak rasa pangrasa sing alus, ora gawe untiking liyan nanging wewarah tatakrama mau bisa tinampa.
Aluse ati bebrayan Jawa sajrone ngrakit ing tembung sing ngemu wewarah tatakrama Jawa uga ono ing pepindhan, payandra, pralambang, wangsalan, minangka pralampita pakarti tumindak lan solah bawa kang kebak kaendahan. Dene paribasan, bebasan, saloka, isbat minangka unen-unen kang gumathok sing mengku tatakrama Jawa sing isih mathuk lan gathuk tumrap pasinaon lan panguripane bebrayan Jawa.
#3) Tindak-Tanduk Jawa
Nalika arep mapan turu uga ora angger merem, ana pepeling aja turu sore kaki, cegah dhahar lawan guling, pethikan tembang sinom kasebut ngemu wewarah tatakrama Jawa menawa wektu mapan turu prayogane sakabehe pakaryan kudu wis rampungan ditindhaake. Minangka siswa wis rampung anggone sinau lan nggarap tugase, minangka wong nindhaake ajaran agama wis rampung nindhaake ibadahe. Dadi ora angger turu nanging diwiwiti niti priksa apa sing kudu disiapake dina sateruse.
Nindhaake samubarang kanthi alon-alon waton kelakon, ora ategese menehi wewarah makarya sageleme. Pratelan kasebut menehi wewarah tatakrawa menawa kabeh iku kudu dilakoni nganti teliti, kebak pengati-ati ora waton rampung.
Ana ing ageman budaya Jawa duweni wewarah sing adiluhung, 'Ajining dhiri gumanthung ana ing lathi' utawa 'Ajining raga gumantung ana ing busono'. Pakartine bebrayan gumantung apa sing kawetu saka lathi, dene ragane gumantung marang busanane. Nganggo seragam yen ora dienggo marang panggonan kang ora samesthine bakal diarani ora ngerti aturan, kepara bocah sekolah bakal diarani bocah kang nerak marang aturan tata tertib.
Kabeh solah bawa bebrayan ing tanah Jawa, meneng, turu apa maneh tumindhak apa bae menawa ditlesih mengku tatakrama sing adiluhung lan nyengkuyung karakter bangsa Indonesia. Ewa semono uga tetep empan papan, kudu nggateake kahanan sajroning tumindak. Sapa sing nindhaake, ana ing ngendi, kanggo apa ditindaake, geneya ditindaake lan kepriye anggone nindhaake kudu dadi tetimbangan tatakrama. Minangka siswa kudu ngecaake tatakrama Jawa ana ing sekolah, omah lan ndi wae nggon. Mesti wae cak-cakane ora kaku jumbuh karo kahanan kang ana, anut jaman kelakone. Dadi tatakrama Jawa ora dianggep kuno lan ketinggalan jaman.
*Dilansir soko buku MOS SMP.
Wassalamu'alaikum wr. wb

0 Comments